Calon Perdana Menteri Inggris siap njlentrekno UFO & Alien
LONDON – Gak akeh politikus sing gelem urusan karo bab UFO (Unidentified Flying Object) lan Alien (Wong samar). Tapi gak berlaku kanggo David Cameron, Kamituone Partai Konservatif ndok Inggris kono. Dekne janji arepe mbukak fakta nek ancene UFO lan Alien kuwi nate ning Bumi, umpomo mengke dekne dadi PM.
Bab iki dadi penarik kanggo poro kawulo sing teko ning anjangsono rutin sing digelar Cameron. Ing nggon acara kuwi, dekne nakokno omongane wong pinter kesohor Edgar Mitchell, nek pemerintah AS nate kontak karo wong samar ing saben kesempatan.
“Aku pikir ono kebebasan informasi lan bukak-buka’an. Aku gak weruh nek ono mahluk pinter ndek njobo bumi lan bab iki terus-terusan dadi ujar-ujaran sing gak mari-mari. Iki kudu dibuka sak ombo-ombone. Jarene Cameron, koyo dicritakno karo Times Online, jum’at wingi.
Cameron ugo njamin nek dekne dadi PM, arepe ono bukak-buka’an lan omong opo onone bab iki. Tapi, dekne gak duwe petunjuk bab panguripan ning luar bumi kono, ananging kuwi, kudune pemerintah gak nyimpen masalah iki berita iki teko rakyat.
Politikus iki ugo peduli karo lingkungan. Cameron iso nyengklak sepedane kanti adohe 6 kilometer teko omahe nang griyo parlemen. Katurut dekne, coro urip ngono kuwi tumraping komitmen partai karo bab lingkungan.