Payday loans

Campursari Resepsi, Lirik lan Video Mp3

Dino minggu, bar ngumbahi kathok bagian jeroan, ndadak pengen nyantai. Langsung wae muter lagu-lagu campursari. Tak rungok’ke sajane campursari kang aran Resepsi kok yo kepenak. Golek ing youtube.com ndadak nemu vidione. Yo wis, kuwi ngono karaoke, dadi ono teks lagune. Tak tulis wae, sopo ngerti ono konco-konco ing kene pengen nyanyi sisan.

Iki lirik campursari Resepsi. Sing nyanyi kuwi Waljinah, ananging nemu vidione si mbak Nurhana. Yo wes, ra popo lah.

Yen pinuju angrawuhi malam resepsi
Kakung piutri ngagem
busono kang edi peni

Para putri sami lenggah
Jejer katon rapi

Yen sinawang nganti
Koyo kontes widodari

Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro

Uthak uthik lirak lirik
Ngguya ngguyu
Mesam mesem
Sajak arep mundut lagu

Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni

Poro priyo lenggahe
Rodho adoh sawetoro

Uthak uthik lirak lirik
Mesam mesem
Ngguya ngguyu
Sajak arep mundut lagu

Sinten niku lenggah pojok
Ndelik ono mburi
Menga-mengo sajake
Kok ono sing diwedeni

Video Resepsi

Yen pengen download MP3 resepsi, klik ing kene.

Hosting Murah


4 wong dadi tukang rasan-rasan !


Apiiiiiikkk,,,,,,,,,,sung,,,,,

Wah…lagube damai..kudu2 dadi manten maneh..
lek sido rabi maneh iki, sampeyan melu duso lho…

mnawi kawulo midangetaken campursari rumaos wangsul wonten ing ndusun ingkang sarwi ayem tentrem sinambi mersani pgunungan ingkang endah…….. mturnuwun kangmas smpun ngemutaken kulo mnawi sinten asline kawulo meniko,,,,,,,,,LARE NDUSUN