Payday loans

Operasi Zebra 2013

Kabeh POLISI sak Indonesia lagi ngelaksanake “Operasi Zebra 2013″ Bareng2 .. InsyaALLAH mulai 28 Nov s/d 11 Des 2013 ..

Makane Nek saiki akeh operasi yo ojo heran. Trus ojo muni2 “Polisine nggolek2 .. !!!!!

Operasi iku tujuane iso nemoke motormu .. Motore tonggomu seng ilang .. seng dimaleng .. Sekalian nertepke masyarakat .. Program Operasi Zebra iki luweh mentingke kegiatan PreEmtive .. Preventive seng didukung penegakan hukum kanggo pelanggaran lalu lintas seng marai nyebabke Tabrakan .. kejahatan kendaraan .. Lanjutke maos »

Radio Jodhipati FM – Siaran Boso Jowo soko Tlatah Nganjuk

Radio boso jowo Jodhipati iki wis ono suwi ing Nganjuk, Jawa Timur. Aku kenal radio iki soko Bapakku, Pak Untung Subagijo lan Ibuku, Sri Sunaryati tahun 2006 kepungkur.

Wektu kuwi, aku lan keluargo lagi tindak soko mudik ing Pacitan lan Madiun. Soko kulon, sakdurunge Nganjuk kiro-kiro 10km, ono prapatan. Belok kiri kiro-kiro 5 km, keluargaku mampir ing radio Jodhipati. Langsung moro tamu ditemui karo nyonya Joko, sing nduwe radio kuwi. Lanjutke maos »

Mojokerto lan Majapahit

Awak’e dewe sering krungu bab Majapahit ing pelajaran sejarah sekolahan. Miturut sejarah majapahit, kuwi ngono kerajaan gede sing bisa nyatuk’ne nuswantoro (Indonesia) mergo mahapatih Gajah Mada lan Raja Hayam Wuruk. Petilasane isih iso didelok ning daerah jenenge Trowulan, Mojokerto.

Ing trowulan kono, tibakne akeh pengrajin watu ukir. Bentuk’e macem-macem miturut panyuwun sing pesen. Barang-barang unggulan liyane ing Mojokerto akeh, contone sepatu, onde-onde, kerajinan kapal, penghasil rambak sapi, lan ono liyane maneh. Coba wae delok’en ning website informasi Mojokerto. Lanjutke maos »

Nerjemahke boso jowo ning inggris

Tibakne situs boso jowo iki ono gunane tenan. Iki mau aku dikontak karo bule sing nduwe pembantu soko Indonesia. Dek ne kontak aku opo iso mbantu nerjemahke boso jowo nang inggris.

Rupane, pembantune kuwi kirim surat menyang Indonesia nganggo boso jowo. Cilokone, bule ne ra ngerti karo boso jowo hahahaha. Aku takok, kanggo opo nerjemahke boso jowo kuwi ?. Bulene njawab, nek pengen ngecek tanggapan soko pembantune wektu kerjo kare dek ne.

Ya wes, surat boso jowo kuwi di scan lan dikirim nang aku. Pelan pelan tak terjemahke ning boso inggris. Rupane pembantune seneng kerjo karo bule kuwi. Isi surate cuman takok kabar lan nyuwun dongo wae soko bapak lan ibune.

Duh, poro sedulurku sing kerjo ning luar negeri kono. Mugo-mugo diwenehi kesehatan, krasan lan iso sumbangke devisa kanggo keluargamu ning Indonesia kene ya … Selamat bekerja pahlawan devisaku ….

Mangkane ati-ati milih hosting

Wulan-wulan maret karo april iki ono peristiwa sing anget. Salah siji perusahaan hosting sing terkenal ndek Indonesia mak bedunduk ngilang. Nelantarno pelanggane. Jan mesakno. Mbiyen, perusahaan iki online nggawe jeneng microcyber.net

Ancene murah tenan rego barang sing ditawarno. Sempet nggawe ketar ketir ndok ati. Piturut kabar sing iso di golek’i nang google.co.id, sing nduwe perusahaan iku lali karo tanggung jawabe sak wise dek’ne melu dadi caleg (calon legislatif) ning Sumatera Utara kono. Lanjutke maos »

Jancuk, Jancok, Diamput

Jancok iku iso kanggo koncoan utowo musuhan, tergantung teko ngendi ndelok’e Pak.

Jancok, Jancuk utowo dancok kuwi boso khas Suroboyoan sing nyebar seantero jagad. Siiieh. Wong Jawa Timur sing manggon ndek Suroboyo, Malang lan sekitare iki sing mulai nyebarno.

Nurut mas Anang, Jancok asale soko boso ‘encuk’ sing nduwe arti padanan ‘bersetubuh’ utowo nek bahasa meduro dikenal ‘fuck’. Awale soko boso ‘di-encuk’, trus ‘dancok’ lan akhire dadi boso ‘Jancok’.

Sak jane akeh macem’me kanggo boso jancok iki, misale jancuk, dancuk, dancok, diamput, damput, daiampot, mboke ancuk (motherfucker -boso meduro), jangkrik, hancik, hancok, hancurit. Lanjutke maos »

Tibakne BakulanWeb.Com pernah onok

Iseng-iseng berkelana mancing kata kunci BakulanWeb.Com karo mbah Google. Weladalah, nemu link sing nyebutno dodolan. Teko bukti kuwi, tibakne BakulanWeb.Com pernah dituku karo wong. Mungkin wae wis ora digawe maneh, akhire ditawarke ning pengguna internet. Regane waktu itu wow, telung yuto. Ck..ck .. tibakne maneh, aku beruntung yo. Iso nyekel domain BakulanWeb.Com iki. Sakjane sing gembar-gembor duwe domain name iki pas taun rong ewuan siji opo loro kuwi Pak Joko Sujatmono, marketinge PT. Bali Internet. Trus PT kuwi bubar, domain name nya ugo melu ngilang. Nek ngono, domain name iki wis ping telu pindah tangan yo. Mugo-mugo aku sing terakhir lan iso ngramut. Amin.

Calon Perdana Menteri Inggris siap njlentrekno UFO & Alien

LONDON – Gak akeh politikus sing gelem urusan karo bab UFO (Unidentified Flying Object) lan Alien (Wong samar). Tapi gak berlaku kanggo David Cameron, Kamituone Partai Konservatif ndok Inggris kono. Dekne janji arepe mbukak fakta nek ancene UFO lan Alien kuwi nate ning Bumi, umpomo mengke dekne dadi PM.

Bab iki dadi penarik kanggo poro kawulo sing teko ning anjangsono rutin sing digelar Cameron. Ing nggon acara kuwi, dekne nakokno omongane wong pinter kesohor Edgar Mitchell, nek pemerintah AS nate kontak karo wong samar ing saben kesempatan. Lanjutke maos »

Google arepe ngemplok Skype

Butone internet, Google dikabarno arepe nuku layanan komunikasi berbasis P2P (Peer to Peer) Skype, sing saiki dukuasai karo Ebay. Mergo kondisi keuangan lan ekonomi USA, eBay nduwe rencana arep adol Skype nang Google.

Jarene PC World, gosip iki tambah kenceng ae mergo eBay gak becus ngelola Skype. Sak wise nuku Skype USD 2,6 miliar petang tahun iko, eBay ngaku kangelan nglebokno sistem Skype ndok situs lelang nggone dewe. Lanjutke maos »

Obama ngerti boso Indonesia

Presiden Amerika Serikat (AS), Barrack Obama jik eling karo Indonesia, bahasane lan omahe pas dekne cilik mbiyen. Bab kuwi kebukti pas Obama anjangsono ing Departemen Luar Negeri AS, dino kemis wingi. Obama ngrespon apik nganggo bahasa Indonesia pas ono disopo karo salah satu staf Deplu AS sing pernah tugas ndek Indonesia. Staf kuwi jenenge Charles Silver, sing pernah menjabat dadi konselor urusan publik Kedutaan Besar AS ndek Jakarta.

Charles Silver nyopo ” Selamat siang Bapak”. Obama langsung nglambekno tangan lan mesem, trus njawab ” Terima kasih, Apa kabar ?”. Sak marine dilanjutno saut-sautan nganggo bahasa Inggris.