Jam 8 isuk
kriiiiing….. ☎ telpon nang mejo bioskop 21 muni…!!!!!
Agus : Halloow cak….. aku arep takok, bioskop bukak jam piro….?
Penjaga : jam siji cak.
Agus : Iso buka jam songo ta cak????
Penjaga : Gak iso…… biasa jam siji bukae.
Jam 11 telpon muni maneh……
Agus : Halloow….. Jam piro bukae bioskop?????
Penjaga : koon sing nelpon mau ta cak??? Lak wis dikandani.. bukae jam 1
Agus : jam rolas gak iso ta cak??????
Penjaga : Gak iso!!!!…. bioskope mbahmu tah,
Agus : Ngenyang sitik ae cak…… gak opo2 wis setengah siji ae yo……?????
Penjaga : (dongkol atine )….sakjane koon ate nonton pilem opo toh……?????!!! “” telpon terus terusan.. ??
Agus : (ambek nangis )aku ke kuncen nang njero bioskop cak….. mau bengi pas nonton pilem keturon…. tulungono po’o cak….. bukakno lawange…. aku pingin mulih..