Ukoro Wong Bakulan Web
Sakdurunge, BakulanWeb.Com njaluk pangapuro yen nemoni boso kang mbingungi ning kene. Kudu dimaklumi sakdurunge ya, penulis BakulanWeb.Com kuwi menungso sing ora sempurno lan nduwe pengalaman urip ning berbagai daerah, yo kuwi Suroboyo, Mojokerto, Madiun, Pacitan, lan Mbali. Ugo wis tau ngalami digembleng maos boso Ngendonesia lan boso londo ing sekolahan. Dadine, boso jowo sing di ukoro ning kene kemungkinan dadi nyampur lan rupane luweh milih nggawe kromo ngoko campuran.
Sak pindone, BakulanWeb.Com njaluk sepuro umpomo sampeyan luwih tuwek, tapi keno boso ngoko ning kene. Ojo muring-muring yo. Nanging, BakulanWeb.Com yakin, tulisan sing intine dodolan iki dadi prestasi sing patut disyukuri lan kudu dilakoni.
BakulanWeb.Com nganggo boso jowo mergo ide kang sempel tekan salah satu kawulo Bali Orange Communications sing kebetulan lair ning Jowo. Yo pancen piye maneh, lokasi kelairan ning Jowo kono patut disyukuri naliko dek’ne ora iso njaluk marang Gusti Alloh lair ning New York. Lan ugo, liwat BakulanWeb.Com iki, ono niatan nggo nglestarikne BOSO lan BUDOYO JOWO. Ben ilate wong jowo lan wong sing ngerti/belajar boso jowo ora cadel koyo manuk Beo, tapi ben iso ethes koyo manuk Cucak Rowo kae lo.
Masio kawulo kuwi mau mak bedunduk lair ning tlatah Jowo, harapan liyane tumrap nglakoni bisnis, liwat BakulanWeb.Com biso mikul nduwur kang utomo bab profesionalitas lan kejujuran. Arep bisnis opo wae ora usah ungkit-ungkit wong kuwi mau soko ngendi asale.
Proses kuwi wis iso di delok ning BaliOrange.Net, salah satu perusahaan sing profesional nyediakne hosting Indonesia, ngelayani pendaftaran domain name lan mbukak web desain sing pelanggane nyebar seantero Indonesia ugo monco negoro. Kawulane Bali Orange ugo reno-reno, ono sing asal Mbali (Singaraja), asal Jowo (Mojokerto lan Temanggung), asal Sundo (mbandung), asal Makasar, lan turunan Magetan tapi lair lan gede ing Sumba – Nusa Tenggara Timur.
BakulanWeb.Com ujar yen website iki, tumrap paling ndisik’i dodolan hosting lan domain name sing nganggo boso jowo. Soale pas mbangun website iki, isih ora ono sing nganggo boso jowo. Wis cobo clingak-clinguk nanging onone mung Google boso Jowo wae. Ananging kuwi, BakulanWeb.Com ngarepke, pengunjung website iki iso mbantu lan ngeke’i saran boso sing apik tur mapan kanggo dodolan. Monggo nek arep komentar, iso celotehan ning kene.
Oke, saiki ngomong soal dodolan. BakulanWeb.Com iki ngedolke maneh hosting lan domain name soko BaliOrange.Net (BOC). Kasarane, BakulanWeb.Com kuwi dadi makelar. Iyo ugo BakulanWeb.Com isih satu manajemen karo BOC. Cuma, sing dadi pembeda yaiku soal boso penyampaiane wae. Ojo diguyu yo. Boso ning kene iso wae elek, tapi layanan lan produk sing didol serius tenan. Sempeyan iso ndelok macem-macem fasilitas lan layanan ning nggon buntelan hosting.
Ing website BakulanWeb.Com, ono rong macem tawaran, yo’iku :
- Nawarke Web Hosting. Ono rong panggonan kanggo nyimpen data, yo kuwi ning USA lan ning Singapore. Reputasine wis ra sah diragukne. Mesin komputer sing digawe nganggo prosesor Intel Dual Xeon kabeh. Memorine gedi tenan, nganggo Cpanel supoyo gampang ngatur website. Abdi dalem sing nggawangi web hosting siap ngancani lan ngeke’i kawruh. Wes, ra sah ragu. Ndang dipesen wae.
- Nawarke Domain Name. Iki ngono jeneng kanggo website’e sampeyan. BakulanWeb.Com nyediak’ne domain name monco negoro, koyoto dot com,net,org,info,biz,us lan sak liyane. Umpomo arep pesen domain name soko Indonesia, BakulanWeb.Com yo iso ndaftarke. Sing penting maneh, ono domain name manager dewe. Dadi iso ngatur identintas sing duwe domain name, iso rubah DNS, lan liyan-liyane.
Sakjane, ono maneh buntelan produk sing iso di omongke ning kene, yo’iku soal web desain. Tapi kuwi, luwih kepenak langsung wae sowan ning website’e Bali Web Design. Abdi dalem soko kono iso atur ben cocok karo selera’ne awake peno kabeh. Duh, suroboyone metu rek.
Yo wes, ngunu wae yo dulur. Iki ngono sebuah ajang kreatipitas, ben ora mumet dewe. BakulanWeb.Com dewe nulis iki karo ngakak kepingkel-pingkel. Tapi yakin bangga, dibalik nyante lan guyonan iki, atas nama BakulanWeb.Com SERIUS yen nglakoni BISNIS. Kuwi ngono ora main-main. Wis pakem !.
Oke, ngaturaken matur sembah nuwun kagem Gusti Ingkang Murbeng Dumadi amargi sampun maringi otak ingkang saged boso jawi. Kito sedoyo mboten saged nyuwun lair dateng penggenan tertentu, dados tiyang Jowo, tiyang Mbali, Tiyang Sumatra, Tiyang Amrik lan amrih sagetto dados Obama. Kito sedoyo supados bersyukur saged sugeng ing ndoyo meniko lan saged makaryo kalihan busono nipun piyambak. Matur Nuwun, Matur Suksma, Terima kasih.
Sugeng Makaryo,
Hendra W Saputro
Melu nglestarik’ke boso jowo karo nggelar bakulan !. Sopo siro sing wani tuku dagangane BakulanWeb.Com, berarti ono usaha dadi Manuk Cucak Rowo. Bakalan lancar boso Jowone .. hihihi.
Pambelo (Disclaimer): Kabeh ukoro ing BakulanWeb.Com iki murni hasil pemikiran pribadi, ora ono maksud sing di sengojo kanggo nyudutke konco, wong liyo, utowo pihak-pihak lain. Boso sing digawe ing BakulanWeb.Com murni soko pengalaman urip’e Hendra W Saputro lan kebuka nggo dibenerke.
* Wocoen Maskud lan Tujuan mbangun BakulanWeb.Com (dalam Bahasa Indonesia)