Payday loans

Radio Jodhipati FM – Siaran Boso Jowo soko Tlatah Nganjuk

Radio boso jowo Jodhipati iki wis ono suwi ing Nganjuk, Jawa Timur. Aku kenal radio iki soko Bapakku, Pak Untung Subagijo lan Ibuku, Sri Sunaryati tahun 2006 kepungkur.

Wektu kuwi, aku lan keluargo lagi tindak soko mudik ing Pacitan lan Madiun. Soko kulon, sakdurunge Nganjuk kiro-kiro 10km, ono prapatan. Belok kiri kiro-kiro 5 km, keluargaku mampir ing radio Jodhipati. Langsung moro tamu ditemui karo nyonya Joko, sing nduwe radio kuwi.

Sopo Pak Joko ? Kuwi lo penemu Blue Energy. Koyok’e seh, sepurane nek salah.

La kenopo kok aku semangat banget nulis soal Jodhipati FM iki, amargo radio iki total ngabdike siarane ing boso jowo. Lagu-lagune yo boso jowo, campur sari-an. Yo cocok karo web iki, nggo boso jowo kabeh hehehehe.

Okelah, radio boso jowo Jodhipati FM iki iso dirungok ke ing ndunyo. Aku wae saiki ing denpasar lagi ngrungok ke siarane. Carane :
– Buka’en iki : http://www.jodhipatifm.co.id.
– Gedekno volume suoro laptop/komputer mu.
– Live streaming soko Nganjuk – Jawa Timur nyebar ing alam Ndoyo hehehe.

Sugeng midangetaken nggih.

Hosting Murah


41 wong dadi tukang rasan-rasan !


Kereen iki. Ngrungok ke akh.

kulo pendengar engal mas akulo matur suwun sanget kalian radio jodipati amargi warung kulo laris manis katah tiang mriki engkang remen kalian lagu lagu jowo.lan kulo ingih saget memantou terus jadwal acara keramaian engkang slalu di siaraken terus kalian radio jodhi pati rezeki kulo sak meniko saget meningkat 100%.maju trus matur suwun kathah kalian penyiar sedoyo mugi mugi bulan meniko gajiannipun saget mindak 100%…amin 3x

aku ga` iso boso jawa krama iso ku bas jawa hari2,tapi aku terus monitor radio iki,mantap poolllllll,khususe iso gawe` ilang kangen kampung nek blitar.so`ale q wes dadi penduduk bontang kalimantan etan!!!!maju terus lan jaya terus radio jhodipatifm………………!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!lagu2mu adem ne atiku!!!!!

kulo amung saget ngucap sukur dene radio jodipati sampun nggelar ringgit malih….kulo rantos pak joko pagelaranipun…..menawi saget malem minggu mawon amargi enjinge prei makaryo….nuwun.

wontenipun paguyuban fans adio jodipati saget nambah kadang lan sederek, milo perlu di wontenaken temu kangen sanak kadang,mumpung teksih sasi syawal….ngiras silaturokhim.kangen banget suwe ora ketemu sanak kadan.

jodipati jan jos gandoos ndina2 kaya ra isa pisah aku terutama gending2e klasik
jan marahi ngangeni tenan kelingan dek jamane tahun2 60 an pandongaku muga2 jodipati tansah jaya kanggo tinggalan anak putu sing wes meh punah
wassalam

dhos pundi cr nipun memantau acara keramaian engkang di siaraken jodipati sgt di pantau lewat dunia maya .tlong..di pun paringi perso..

kulo selaku tiang jawi patut bangga amergi tasik enten kang peduli budaya jawi,eng zaman kang serba modern lan mandang budaya pribumi katrok lan kuno.tapi Jodhipati tetep anggene nguri budaya nagari ing tengah wsternisasi.namun langkung sae bileh kagem pengekspresian seni budaya nagari diwontenaken event perlombaan campursari,parade budaya jawi,lan siaran online kagem group utawi perorangan campursari lan hadroh ingkang disamping nguri budoyo daerah ugi budoyo islami.

Wuaaaaaaaaaaaaaah tenan Radio Jodhipati ki minongko salah siji sing mbidani bakal laire tata kehidupan jaman anyar…….. Rahayu………..

pye dulur2 nganjuk kabare?
aku nang denpasar jarang ngrungokke unen2 on line,bahkan gk tahu paling lak kangen nganjuk buka you tube ngrokke lagune vita alun2 nganjuk II.hehehe.
salam cah kepanjen anakbuahe carik

web niku pinten regine mas? lan kula nopo pantes lan layak duwe web. bisane mung intip-intip/ nginceng tok. Tanggapi nggih kang?

wahhh memang hebat suara jodhipati, saben aku mulih nyang balonggebang, mesti nyetel mulai omahku krian sampek balonggebang, semono ugo baline mesti nyetel jodhipati…..

kulo dongaakem mugi mugi jodipati joyo kondangkaloko radio ingkang nguri nguri budoyo jawi

sugeng ndalu dhumateng poro kadang-kadang kulo ingkang nembe midhangetaken radio jodhipati.

kang mas penyiar ingkang winulyo karsaa maosaken ingkaang wonten online saking pundi & sederek sinten ing selo selaning pambiyowara & caturan sahenggo saged sambung ingkjang online lan maosaken sms ,matur suwun !

aku ono tlatah malang bagian kulon ,tepatte nang deso pondokagung,kec,kasembon kab,malang.radio jodipati ing deso biso ditrimo kanti jelas lan gamblang banget,dadi penggemare radio iki yo akeh banget soale nganggo boso jowo.masyarakat yo dongakne mugo2 radio jodipati tetep mengudara sampek kapanpun.amin amin ya robbal alamin.
wis semene disik laporaku sonko deso sing adoh teko kuto.

Wah seko kantorku kok gak iso di setel mergane opo yo…..

Kulo wonten prantauan,mboten saged mirengaken langsung,tpi kulo saged mirengaken sakeng streaming,suworo jernih n mugi2 radio jodi pati tetep jaya di udara.
yudi:kepuharjo kasembon malang jatim.

kulo yen ing griyo radio mesti dateng gelombang ” JODHIPATI ” lha yen dateng perjalan mbeto kendaraan piyambak ugi JODHIPATI, ananging daya pancaripun yen mengetan sampek Mojoagung yen mangulon namung sampek caruban.
benjang nopo dipun wontenaken lomba mocopat malih …… matur suwun

Ass.. wr.. wb
Salam kenal
buat
Radio Jodhipati Nganjuk
berwsama Cru nya

Buat saya sangat senag sekali dengan bermunculannya siaran2 radio swasta yang menghibur dengan sekaligus mengembangkan seni budaya ( jawa ). Setelah saya dikasih tahu temen saya dari jakarta puter itu lho radio Jodhipati naganjuk bisa lebih terhibur. Kebetulan saya asalnya dari Desa Sombron Kec. Loceret Nganjuk yang sekarang ada di Samarinda Kaltim. bisa cal untuk lebih dekat komunikasi di 081346696869
Harapan dari jauh smoga Jodhipati jadilah Radio yang menghibur dan yang mempersatukan bangsa bukan menjadi memprovokasi karena bangsa kita sudah mulai krisis Etika yang mana perilaku Elit Bangsa yang jauh disana telah menjadi tontonan hari-hari mata kita. Ayo Jodhipati yang menghibur telinga kita aja deh dan smoga Jodhipati Sukses Selalu Okey.

aku salut lan ngacungi jempol karo radio jodipati sing terus ngumandangake siaran bodoyo jowo kang adiluhung, awit jaman saiki budoyo monco mulai ngrambah ono ing indonesia khususe tanah jowo, ugo ono pengaruhe karo generasi kito yo terpengaruh melu-melu budoyo monco, sopo maneh lak gak awake dewe sing kudu nguri-uri budoyoning leluhur kito ben gak kagusur karo budoyo monco, ning saranku kanggo jodipati sing durung otowo jarang kasiarake yoiku bodoyo ludruk,wayang krucil ato gedog,kentrung lan sapinunggalane mogo diperhatekake tanggapanku iki,smogo jodipati tetep joyo salaminyo, amiiiinnnn.

mas…ada yang bisa ngasih ifo dalang dari nganjuk yang top?
saya butuh bgt.
Matur sembah nuwun nggeh…

kalo ada ini no hp kulo. 085648821323

Kulo Ki Gondo Asmoro asli saking Nganjuk, saniki wonten Balikpapan saget midhangetaken Radio JODHIPATI saking internet, kulo nderek atur salam katur sana kadang ingkang wonten pundi kemawon. nuwun.

Kulo Ki Gondo Asmoro asli saking Nganjuk, saniki wonten Balikpapan saget midhangetaken Radio JODHIPATI saking internet, kulo nderek atur salam katur sanak kadang ingkang wonten pundi kemawon.katur kru Jodhipati,SUGENG NGAYAHI WAJIB. nuwun.

salam kagem sedoyo pendengar johdipati saking wito asal Balong pacul nganjuk sakniki teng jakarta.

Sugeng dalu poro nayoko Radio Jodhiapati, sugeng ngayahi wajib kanthi renaning penggalih, nderek atur salam katur sanak kadang pamidhanget Jodhipati wonten pundi kemawon, mugi tansah kalipur dening kumandhanging radio Jodhipati. Kulo Ki Gondo Asmoro, Pare.Nuwun

Salam kenal dhumateng poro pamergathos Jodhipati lan pamergathos budoyo Jawi ing pundi kemawon.

Salut kagem Jodhipati FM 106.1 Mhz (Nganjuk)….,yen mulih kampung neng Kediri,aku mesthi midangetaken Jodhipati mulai soko mantingan Ngawi sampai tekan omah neng Mbulusari Kediri…,semono ugo yen wis teko omah,neng perantaun neng jakarta-pun aku tetep mindangetno lumantar streaming radio.
Manteb kanggo tombo kangene ati iki marang budoyo jawi,budoyo leluhur kitho sami….
Salam kangge poro crew Jodhipati…,mugi2 joyo salamiyo..,amin.

Salam kenal sedoyo.

Mbah Suro.

Mantep tur bleketaket temenanan radio Jodhipati kuwi, ayo podho di uri-uri kanthi nyengkuyung program-programe.
Radio Jodhipati dan sak crew-crewne joyo selaminyo

masio kulo tasik generasi tengah2 dereng tuo lan mboten enom ….tapi kulo remen sanget marang klenengan ,gending2 jawi.ibuk kulo sampun sepuh dateng mangir saradan madiun,bendinten siang dalu ngeloni radio,mboten wonten malih ingkang di puter kecuali jodipati……Kulo piyambak menawi wangsung saking suroboyo…milai jombang berusaha madosi channel jodipati FM…kulo nikmati ngantos nggriyone Ibuk….salam jodipati…monggo dikembangaken malih bikak cabang dateng kutho2 lintu…..syukur2 bikak Stasiun TV jawi jodipati..

lur….carane ngrungokne sreaming piye….aku koq gak iso

Sugeng tanggap warso, mugi Jodipati FM jayeng bawono, menopo mboten gelar ringgit wacucal ?
Saking pandhemen Jodipati Soenardjo,SE Gading Balerejo Madiun

Salam taklim kagem poro sutresno rd jodhipati amargi kanthi lelagonipun jodhipati kulo tansah kemutan dateng geyonganing manah “Ibu nuriyah”di smpn,1 Rejoso, rinowengi tansah tak anti anti, nganti kapan embuh aku ora mangerteni, salam kangan yo lil!!?

Salah sawijine radio sing paling gayeng s
Streaming on line senajan kantorku ing jakarta aku iso nglaras campursari sinambi nostagia karo nuriyah sing makaryo ing smpn1 rejoso, kuuangenku ora ketulungan,kenanganku uuakeh ing kec. Rejodo sana

radio jodipati radione wong jowo seng iso nguri nguri kesenian jowo….
ayo konco kabeh seng rumongso seneng karo kesenian jowo..
podo nyengkuyung radio jodipati ben terus joyo,,lan mugo mugo,,
iso terus melestarikno kesenian jowo…..
terutomo wayang kulit…..

samangke sampun wonten live video streaming ipun,,dados saged mirsani penyiar ingkang nembe giyaran,,,caranipun buka http://www.jodhipatifm.co.id lajeng klik seratan live video streaming beta..nuwun,,,

Piye yo carane ngrungokne siaran radio Yodhipati FM lawat internet

Kula remen sanget mirengaken Radio Jodipati 106,1 FM, utaminipun siaran wayang kulit, ingkang asring nyiaraken dhalang – dhalang kondhang sae ingkang siarng langsung punapa dene rekaman. naging eman sanget dene wiwit wulqn OKTOBER 2012 suwantenipun awon sanget meh boten saget dipun pirengaken kanthi sae.nyuwun tulung pun dandosi amrih saget dipun pirengaken kanthi sae saking panggenan kula. . O, inggih kula aturaken, bilih kula mapan wonten desa Ngumbul, Kecamatan Todanan, Kabupaten Blora
Kagem para penyiar Radio Jodipati salam kenal..

Matur nuwun Jodipati saking Desa Ngumbul, Kecamatan Todanan, Kabupaten Blora sampun saget katampi kanthi cetha malih, sae sanget pun mirengaken. Mugi-mugi Radiyo Jodipati sangsaya ningkataken mutu siyaranipun. Wayang kulit salah setunggal siaran ingkang paling kula remeni,mbok bilih saget pun tambah wekdak siyaran wayang kulitipun. tuwin saget nyiaraken dhalang – dhalang ingkang sae, lan nggelar cariyos ingkang kalsik – kalsik, upaminipun Bedhahe Lokapala, lss. Mugi – mugi Jodipati sangsaya kawentar, lan kathah sanak kadang ingkang sami mirengaken, kalebet sedherek – sedherek warga jawi ingkang wekdal punika sampun wonten ing tlatah sabrang, salam kagem para kadang ingkang wonten luar jawa.Nuwun…

pancen cocok lan pas lo dulur, wong jowo nduwe radio boso jowo, kareben gak lali karo jawane, yo ra dulur-2. Maju terus jodipati FM, pantang mundur

pak yud ( Darungan Pare Kediri )